Laman

Rabu, 05 Februari 2014

Rong Ewu Pat Belas "KAMPRET"

Weh, ora kroso tibakno saiki wis taun rong ewu pat belas yo, poro sedulur. Nek ngomongke pergantian taun biasane konco-konco dho mbahas sing jenenge "resolusi". Sampeyan ngerti gak, "resolusi" kuwi opo? "Resolusi" kuwi yoiku semacam "cita-cita jangka pendek"-e awake dhewe. Opo wae sing arep kito capai dalam kurun waktu setaun ke depan iki. Nah, sampeyan uwis nggawe resolusi opo urung, lur? Nek aku uwis lho. Resolusiku taun iki tak jenengi "KAMPRET". Eeeh ojo nesu sik sedulur, nang ngisor iki tak jelaske opo sing dimaksudne "KAMPRET" iku.


"K" yoiku "Kawin"

Aku iki wis wolu likur taun ngarungi dunyo, mosok sampek saiki ora enek blas wong wadon sing nyanthol nang atiku tho? Padahal aku iki ganteng (gagah tur anteng) lho. Konco-kocoku wadon sak angkatanku SMA biyen, sing ayu-ayu, wis dipek bojo kabeh karo wong liyo. Lah, mosok aku diturahi sing elek-elek thok? Yo wegah aku. Taun 2014 iki bakal tak tekatno nggo golek bojo sing ayu. Mboh perkoro aku ngko nemune nang sawah, utowo nang got, utowo nang kuburan, ora dadi masalah. Sing penting aku duwe bojo.

"A" yoiku "Anak"

Sakwise duwe bojo yo mesti pingine duwe anak tho? Nah poro sedulur, aku iki lagi meri tenan karo konco-koncoku sing wis duwe anak. Ora nang fesbuk, ora nang tuiter, ora nang instageram, ora nang smelekethe, hobine podho kabeh : posting foto-foto bayi sing imut lan lucu-lucu nggemesne. Pokoke aku ora gelem kalah karo konco-koncoku. Sakwise kawin aku arep produksi bayi, trus foto-fotone tak sebarno nang penjuru dunyo. Ben kabeh ngerti nek aku yo pinter nggawe anak.

NB. Nek aku iso mbalik dadi bayi maneh, trus difoto karo bapak-ibukku, aku arep pose "melet" supoyo konco-koncone wong tuoku dho ilfil dipeleti. Hihihi...

"M" yoiku "Mobil"

Sepedah motor? Sepedah ontel? Halah, saiki wis ora jaman, lur. Sampeyan nek numpak sepedah motor utowo sepedah ontel ngko bakale nek gak tibo nang dalan, yo ditabrak utowo dilindes karo bis/truk. Hiii, ngeri. Makane aku pingin duwe mobil wae. Nek udan ora kudanan, nek panas ora kepanasan, nek ono manuk nyeblokne tai soko nduwur, yo ora bakal kenekan. Mantep kan?

"P" yoiku "Pekerjaan"

Senajan "Pekerjaan" kuwi ukoro dalam Bahasa Indonesia, aku tetep pingin nglebokne nang resolusiku taun iki. Nek digenti dadi "Gawean" kan ngko singkatane dadi ora pas tho? "KAMGRET". Intine, "Pekerjaan" kuwi sesuatu sing wis melekat dalam diri seorang lelaki. Sampeyan lanang? Gak duwe gawean? Ora bakal ono wong wadon sing gelem karo sampeyan. Mulo, sampeyan ndang goleko gawean nggo bekal ngopeni bojo lan anakmu suk mben. Tapi gaweane kudu sing halal lho! Ngko bar tak omongi ngene, sampeyan langsung nyolong pitike tonggo, trus dadi copet koyo nang film-film bioskop kae, trus sampeyan ketangkep pulisi, sampeyan nyalahno aku. Malah aku sing blaen.

"R" yoiku "Rumah"

Wis, uwis, ora usah protes. Nek tak genti dadi "Omah", singkatane sansoyo ora karu-karuan ("KAMPOET"). Jaman saiki sopo seh sing ora kepingin duwe omah dewe? Makane alas-alas dho digunduli, dibanguni omah-omah sing modele apik-apik, kae bakale dituku karo uwong-uwong koyok aku lan sampeyan-sampeyan iki! Tapi sayange ora ono sing peduli nek nang ngendi-ngendi dho banjir goro-goro alase wis entek kabeh. Sing penting duwe omah! Suk nek didol regane mesti luwih larang tinimbang pas tuku. Itung-itung bisnis lah. Banjir? Kuwi urusane pemerintah, dudu urusanku. Bisnis gundulmu kuwi...

"E" yoiku "Edukasi"

Nah, nek iki ukoro soko Bahasa Inggris. "Edukasi", "Education", "Pendidikan", utowo "Golek Ngelmu" kuwi sangat diharuskan bagi setiap manusia mulai sejak dilahirkan sampai dimasukkan ke dalam liang lahat. Saiki bapakku sarjana, ibukku sarjana, dulur-dulurku kabeh minimal pendidikane yo sarjana, lha mosok aku thok sing lulusan SMA cak? Yo gengsi tho. Aku yo kudu iso dadi sarjana, trus S2, S3, S4 (eh...kuwi Samsung Galaxy ding!). Ono pepatah sing mengatakan "Carilah ilmu sampai ke negeri China". Tapi terus terang aku ora seneng karo China, isone niru-niru thok. Mulai soko HP, barang elektronik, sepedah motor, kuabeh iso digawe tiruane karo China masiyo kualitase abrakadabra. Aku dadi mikir, nek suk mben aku moro nang China trus mulihe nang Indonesia aku dadi tiruane Leonardo Dicaprio, piye jal? Kan aku sing repot!

"T" yoiku "Tangekno aku soko ngimpi"

Diantara resolusi-resolusi liyane, resolusi terakhir iki sing paling uabot tak rasakne lan mustahil iso diwujudke. Ngene lho lur, aku iki mung lulusan SMA, wong tuoku ora sugih, trus aku nek ndelok konco-koncoku sing nyambut gawe kok dho stres kabeh... Aku malih males mewujudkan resolusi-resolusi sing uwis tak sebutke nang nduwur mau.

Aku wis berusaha ngirim lamaran kerjo nang endi-endi, ora entuk balesan. Aku arep neruske kuliah, IQ-ku wis ora jongkok maneh, wis ora ndlosor maneh, tapi kependem jeru nang ngisor lemah. Arep golek bojo? Duwe anak? Tuku omah karo mobil? Walah, ora sanggup cak. Aku wis kadung ngrasakne, urip dadi pengangguran kuwi tibakno enak banget. Tangi turu sarapan, trus budhal mancing nang kali sampek awan. Mulih, mangan maneh, turu. Sorene tangi trus bal-balan karo konco-konco sak RT. Mulih adus, mangan maneh, ndelok tipi, trus turu. Ngono terus saben dino. Kurang penak piye jal?

Resolusi? Ah gampang, mengko disik. Nyantai wae lah. Isih ono taun ngarep kaaan?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar